MATERI CRITA CEKAK




A. APA IKU CRITA CEKAK ?

     Crita cekak yaiku crita kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, utawa bisa murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange. bedane crita cekak karo novel yaiku yen novel iku luwih dawa lan luweh genep isine. 


B. APA WAE UNSUR INTRINSIK KANG ANA ING CRITA CEKAK ?

      Unsur intrinsik kang ana ing crita cekak iku akeh macem e kayata :
  • Tema : undreane prekara kang dirembug supaya bisa dadi sumbere konflik kang ana ing crita.
  • Peraga : wong sopo wae kang di critaake ing crita kasebut.
  • Watake paraga : kepriye sifat peraga ing crita kasebut. Kayata : sabar, wicaksana, galak, lan                                 sapanunggale. 
  • Alur/ plot : gegayutan karo kepriye lakune crita.
  • Sudut pandang : kalungguhane pangripta sajroning crita. 
  • Latar : setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan                 wektune.  
  • Amanat : wulangan / tuladha / tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku. 

C. NEMOKAKE TUNTUNAN KANG ANA ING CRITA CEKAK

  tuntunan kang ana ing njero crita iku biasane diarani amanat. Amanat iku wujude gagasa utawa gagasane pangripta/ pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapanunggale.

D. NULIS SINOPSIS CRITA CEKAK

   Sinopsis iku ringkesan isine crita. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing crita sumbere. bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose( inti ) crita ora kena bedo karo sumbere.



      

Sumber : Gegaran Nyinau Bahasa Jawa kelas IX SMA/SMK/MA 


Komentar

Posting Komentar